Jumat, 05 April 2013

Sekar Gambuh Kaanggit Dening ........


Wigati kagem kita tiyang enom Jawa kedah nguri-uri budhayaning Jawa. Amargi, menawi kita mboten gadhah raos kagungan banjur mboten maleh anggagas basa Jawa, sak lampahing wekdal mesti bakal kagerus lan sonya. Napa malih, basa Jawa sakmenika sampun keraos tebih saking pagesangan masyarakat Jawa piyambak. Tuladhanipun, kathah tiyang sepuh ingkang milih migunakake basa Indonesia kagem basa padinan, nanging mboten diwiwiti saking pangenalan basa Jawa.
                Kula piyambak sakniki ugi ngeraos tebih saking basa Jawa amargi kedhah ngajar ing tanah seberang, ing tanah Flores. Wonten mriki, kula ugi nyinaoni basa daerah Lio sahingga basa jawa dados jarang digunakake. Ugi, mboten wonten lawan wicara ingkang sesrawungan ngagem basa Jawa ing pacelathon padinan. Sampun enem sasi kula tebih saking tanah jawa. Kula ngeraos tebih  ugi kangen kahanan, kanca lan kaluwarga ing Jawa. Menawi raos kangen menika mbuncah bubrah wonten manah, sakedik-sakedik kula nyinaoni malih basa jawa, lan budhaya Jawa. Kulo piyambak remen nembang, wonten mriki kula ugi sinau tembang Lio. Nanging kulo ugi mboten purun ngantos lali lan ninggalke gita Jawa.

Sakmenika kula anggit salah sakwijining tembang Macapat Jawa, yaiku sekar Gambuh.

Gesang bebrayan jumbuh
Kalawan kanca aja dadi musuh
Tan srawungan nulya becik atur budi
                                                                    Aja lali aja ragu                              
Ning donya nana wong bodho
                                                                  

Sekar gambuh kaanggit dening Nia Martiana
Detukeli, 5 April 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar